Pranatacara
yakuwe wong sing nglantaraken, mandu, utawa ngendalikaken mlakune sawijining
adicara. Pranatacara utawa MC sing apik mesthi bakal nglantaraken adicara kuwi
mau kanthi apik uga. Ukurane apik kasebat yakuwe mlakuning adicara tansah tepat
waktu utawa ora molor, lan sesuai karo rencana lan apa sing dikarepaken.
Nah mulane dadi
pranatacara sing apik pancen ora gampang, ana bab-bab sing perlu dingerteni lan
disinauni sakcara khusus sing kabeh mau bisa didadekaken modal dasar,
diantarane :
A. Swara
Ing babagan dadi pranatacara swara dadi modal utama, amarga swara arupa piranti utawa media kanggo nganakaken komunikasi karo para rawuh ing suatu acara. Tiyang kakung lan tiyang estri nduweni jenis suara kang bedha-bedha. Tiyang kakung (lanang) apike ngucap kanti rosa, abot, mantep, lan ndhuweni kesan berwibawa. Banjur tiyang estri apike ngucap kanthi volume sing wajar, ora digawe-gawe, lan jumbuh karo acara sing diayahi.
B. Penampilan
Dadi pranatacara kudu bisa nggatekaken penampilan lan suasaning acara. Penampilan kang dimaksud yakuwe tindhak-tandhuke, mimik, busana, ekspresi, lan nada irama suara kang diucapaken. Pranatacara nailka tampil kudu bisa nampilaken pesonane utawa daya tarike sing gawe para rawuh kami tenggengen. Mulane prantacara kudu tansah nggawe kesengseme para rawuh, kanthi cara :
Cara ucap ingkang
apik tur leres (tata bahasane kudu bener). Penampilane kudu
trep lan sinambung karo babagan kang wonten ing acara. Kasarasian busana
karo acara sing dilantaraken.
C. Kondisi utawa
Suasana
1. Persiapan
Persiapan kanggo pranatacara wigati banger, amarga tanpa persiapan kang mateng, mlakuning acara bakalan bisa gagal total. Sebabe kuwe persiapan sakdurunge acara pun penting sanget, antarane yakuwe :
- Penampilan pranatacara utawa MC ne kuwe dhewek.
- Rerantaman lan wujude acara.
- Ngenal lingkungan acara, yakuwe panggonan-panggonan papan kang penting kanggo nyuksesna mlakuning acara.
- Ngatur utawa nata sound system, mic, speaker, lan lya-liyane.
- Ngatur para petugas lan paraga sing arep tampil.
2. Ketenangan
Pranatacara luwih apik rawuh ing papan panggonan acara 1 jam sakdurunge acaranipun dimulai, amargi dadi pranatacara kudu bisa ngatur ketenangan dheweke supaya kasilipun lancar ing pelaksanaane acara menika. Babagan kiye dimaksudaken kanggo mbiyantu dheweke ngatur ambekan, konsentrasi, lan uga kanggo mengkoordinasi karo panitia penyelenggara.
3. Disiplin
Prantacara kudu tansah standbay nang papan panggonane, amargi mbok menawa ana owah-owahan utawa kejadian sing ora diduga-duga, dheweke bakal gampang anggone ngatasi. Dadi prantacara ora bisa sekarepe dhewek, kudu manut karo panitia lan rencana-rencana kang sampun didamel sadurunge. Iku sebabe pembawa acara utawa MC kudu rawuh nggasiki para tamu lan uga ngerini para tamu yen acarane wis rampung.
D. Teknik
Teknik maca teks prantacara ingkang apik yakuwe :
Intonasi utawa
irama sing diucapaken utaw adibentuk jumbuh karo gayane MC nalika lagi matur.
- Pranatacara kudu bisa ngrubah nada lan irama swarane kang jumbuh karo acara sing dilantaraken. Supaya ngolehi irama kang apik ngesanaken, gathekaken kanthi teliti tanda waca neng sajroning ukara titik, koma, lan munggah mudhune nada.
- Kudu bisa ngatur nafas seapik mungkin, supaya pas matur apa sing diwaca mboten kepedot-pedot, lan uga saged keprungu kanthi cetha.
- Lafal kang diucapake pranatacara prayogane sempurna lan cetha nalika ngucapaken wanda, tetembungan, lan ukara. Tuladhane aksara desis : s, z. Aksara urip : a, i, u, e, o. Lan Aksara irung : ng, lan sapanunggalane.
- Redaksi utawa reroncening ukara sing sederhana, singkat, cetha, amarga ukara sing dawa lan mencla mencle marekaken bosen kanggo para pamirenge.
E. Gladhen
Supaya dadi
pranatacara sing apik pancen mbutuhaken wektu kanggo sinau lan gladhen. Utamane
sinau maca seru kang disuarakan. Bab kiye banget pentinge kanggo nguataken lan
nglemesaken otot-otot gulu. Kejaba kuwe kudu asring nggolet pengalaman kanthi
cara praktek utawa ndeleng penampilan pranatacara sing wis senior utawa
profesional.
Selain
teknik-teknik maca teks pranatacara ing ndhuwur, wonten malih babagan tentang
kepribe gole maca sing becik, panguwasaan basa, lan ukara-ukara sing biasane ana
neng sajroning teks prantacara.
Ukara-ukara sing
ana neng sajroning teks pranatacara kuwi jarang dienggo neng pasrawungan
sedina-dina, lan biasane kaprungu endah lan nengsemaken. Ukara-ukara kuwi mau
akeh sing kadhapuk sekang tembung-tembung rinengga utawi tembung-tembung kang
alus lan endah. Tembung-tembung mau kayata tembung kawi, tembung yogaswara,
tembung entar, rura basa, lan panyandra/pepindha.
1. Tembung Kawi
Tembung kawi
yakuwe basa sing dienggo nalika jaman gemiyen (jaman kerajaan). Nanging neng
jaman saiki wis jarang keprungu senajan esih ana sing esih dienggo neng
pranatacara.
Tuladha :
- Kartika (bintang).
- Candra/sasadra (bulan).
- Tirta/warih (banyu/air).
- Samodra/jaladri (segara).
- Kresna (ireng/hitam).
- Netra (mripat/mata).
- Rekta (abang/merah).
- Mustaka (sirah/kepala).
- Bantala (bumi).
- Jenar (kuning).
2. Tembung
Yogaswara
Tembung gogaswara
yakuwe tembung loro sing meh padha penulisane lan pengucapane, mung beda wanda
wekasan nganggo “a” lan “i” sing biasane ateges lanang lan wadon.
Tuladha :
- Dewa-dewi.
- Widadara-widadari.
- Siswa-siswi.
- Putra-putri.
- Raseksa-raseksi.
- Pemudha-pemudhi.
- Yaksa-yeksi.
- Apsara-apsari.
- Prameswara-prameswari.
- Bathara-bathari.
3. Tembung Entar
Tembung entar
yakuwe tembung sing ora kena ditegesaken sawantaeh utawa apa anane, amarga
ndhuweni teges sing beda. Neng basa Indonesia diarani kata kiasan.
Tuladha :
- “Jembar segarane” tegese sugih ngapura
- “Atine metu wulune” tegese atine ala, kelakuane ora apik, senenge gawe cilaka.
- “Manis eseme” tegese ngresepaken, nyenenganken.
- “Pecah nalare” tegese wis bisa mikir sing becik.
- “Tipis lambene” tegese sugih ngomong, seneng ngrasani utawa nggosip.
- “Enteng tangane” tegese seneng tetulung.
- “Dhawa tangane” tegese seneng njiot nggone wong utawa seneng nyolong.
- “Gedhe siraeh” tegese angel diomongi, ngeyel.
4. Rura basa
Tembung rura basa
yakuwe tembung sing wis rusak utawa tembung sing kadung salah kaprah lan tembung
sing wis ora bisa dibeneraken maning, amargi nek tetep meksa dibeneraken malah
dadi basa sing ora umum lan malah keprungunipun aneh menawa ora biasa
digunakaken.
Tuladha :
- Adang sega.
- Nutu gethuk.
- Nguleg sambel.
- Mbunteli tempe.
- Nggodhog wedhang.
- Njarumi celana.
- Nggawe klambi.
- Nggoreng emping.
- Nggawe lemari.
- Nggawe lawang.
- Nggawe umah.
- Menek klapa.
- Nandhur gedhang.
5. Panyandra
utawa Pepindhan
Panyandra utawa pepindha asale saka
tembung candra lan pindha sing artine unen-unen gumathok kanggo nyandra
perangane awak, solah bawa, lan kahanan adhapur pepindhan. Panyandra utawa pepindhan
basa ing basa Indonesia yakuwe kalimat
perumpamaan.
Tuladha :
Perangane awak :
- Alise nanggal sepisan.
- Bangkekane mawon kemit.
- Brengose nglaler mencok.
- Lambeyane mblarak sempal.
- Tangane nggendhewa pinentang.
- Pipine nduren sajuring.
- Irunge ngundhup mlati.
- Drijine mucuk eri.
- Idepe tumengeng tawang.
- Rambute ngembang bakung.
Kahanan lan solah bawa :
- Antenge kaya penganten ditemukaken.
- Kuning ngumpul padha kuning kaya podhang reraton.
- Rukune kaya mimi lan mintuna.
- Tandange kaya banteng ketaton.
- Trengginas kaya sikatan nyamber walang.
EmoticonEmoticon