Kamis, 01 Maret 2018

Prenahe Sedulur, Watake Manungsa, lan Tetuwuhan Kembang Taneman

Prenahe Sedulur

Bapak → Anak → Putu → Buyut → Canggah → Wareng → Udheg-udheg 
→ Gantung Siwur → Grepak Senthe
  1. Sadulur → tunggal bapak lan ibu (kakak dan adik).
  2. Misanan → sadulur padha embah (saudara se-kakek atau se-nenek).
  3. Mindhoan → sadulur tunggal buyut (saudara se-buyut).
  4. Keponakan → anake sadulur.
  5. Putu → anakke anak (putu = cucu).
  6. Putu keponakan → anakke keponakan.
  7. Paklik lan bulik → adhine bapak lan ibu (paman dan bibi).
  8. Pakdhe lan budhe → kakang/mbokayune bapak lan ibu.
  9. Anak mantu → bojone anak
  10. Putu mantu → bojone mantu
  11. Maratuwa → wong tuwane bojo (orang tua suami/isteri).
  12. Besan → wong tuwane mantu (orang tua menantu).
  13. Ipe → sadulure bojo (saudara dari suami/isteri).
  14. Pripehan → ipene sadulur (ipar dari saudara kandung).
  15. Tunggal welad → sadulur tunggal bapak lan ibu (saudara kandung).
  16. Tunggal banyu → sadulur tunggal guru
Watake wong utawa watake manungsa
  1. Adigang : ngendel-gendelake kekuwatan (mengandalkan kekuasaan).
  2. Adigung : ngendel-gendelake kaluhuran (mengandalkan derajat).
  3. Adiguna : ngendel-gendelake kapinteran (mengandalkan kepintaran).
  4. Ambeg darma : seneng tetulung (senang membantu).
  5. Ambekpati : ora wedi mati.
  6. Ambeksiya : seneng nganiyaya.
  7. Ambeksura : kendel banget (sangat berani).
  8. Ambekwani : kendel banget.
  9. Alim : pinter lan anteng.
  10. Anteng : meneng.
  11. Andhap asor : ora gumedhe lan ora umuk (tidak suka membicarakan kelebihan diri).
  12. Bandhel : ora cengeng.
  13. Bares : ora dhuwe niyat ala.
  14. Bencirih : gampang kena lara (mudah sakit).
  15. Berbudi : seneng weweh (dermawan).
  16. Blater : pinter sesrawungan (pandai bergaul).
  17. Mblubud : nekad lan ora dhuwe isin (muka tebal).
  18. Brangasan : gampang nesu.
  19. Mbrengkunung : nggugu karepe dhewek (egois).
  20. Candhala : ala kelakuwane.
  21. Cethil : emoh weweh (pelit).
  22. Climut : dhemen nyolong (suka mencuri).
  23. Clemer : seneng nyolong.
  24. Clingus : isinan (pemalu).
  25. Cluthak : seneng jail.
  26. Cubluk : bodho.
  27. Cugetan : mutungan lan ora sabaran (suka ngambek dan tidak sabaran).
Tetuwuhan Kembang Taneman
  1. Kembang aren arane dangu.
  2. Kembang blutru arane montro.
  3. Kembang blimbing arane maya.
  4. Kembang cubung arane torong.
  5. Kembang cengkeh arane polong.
  6. Kembang duren arane dlongop.
  7. Kembang dhadhap arane celung.
  8. Kembang garut arane gremeng.
  9. Kembang gori arane angkup.
  10. Kembang ganyong arane puspanyindra.
  11. Kembang gembili arane seneng.
  12. Kembang gedhang arane ontong/jantung.
  13. Kembang jambe arane mayang.
  14. Kembang jati arane janggleng.
  15. Kembang jagung arane sinuwun.
  16. Kembang jambu arane karuk.
  17. Kembang jengkol arane kecuwis.
  18. Kembang jarak arane juwis.
  19. Kembang kopi arane blanggreng.
  20. Kembang kacang arane besengut.
  21. Kembang kara arane kepek.
  22. Kembang kencur arane sedhet.
  23. Kembang kanthil arane gadhing.
  24. Kembang kelor arane limaran.
  25. Kembang kapas arane kadi.
  26. Kembang kecipir arane cethethet.
  27. Kembang kimpul arane pancal.
  28. Kembang kluwih arane onthel.
  29. Kembang krokot arane naknik.
  30. Kembang krambil arane manggar.
  31. Kembang lombok arane menik.
  32. Kembang lamtoro arane jedhiding.
  33. Kembang mlinjo arane kroto.
  34. Kembang nipah arane dongong.
  35. Kembang nangka arane babal.
  36. Kembang pete arane pendul.
  37. Kembang pandhan arane pudhak.
  38. Kembang pace arane nyreweteh.
  39. Kembang pring arane krosak.
  40. Kembang pohung arane ingklik.
  41. Kembang randhu arane karuk.
  42. Kembang salak arane ketheker.
  43. Kembang suruh arane drenges.
  44. Kembang telo arane ingklik.
  45. Kembang talas arane pancal.


EmoticonEmoticon