Geguritan ing Busastra Jawa (Widada Suwadji, dkk : 270) kuwe kedadeyan sekang tembung lingga gurit kang mengku teges :
- Tulisan, tatahan.
- Tembang utawa kidung.
Nggurit ateges :
- Nggawe utawa ngarang (rerepen).
- Ngura-ngurakake/nembang/ngresepi.
Banjur tesih manut
Widada Suwadji, menawa geguritan yakuwe karangan kang pinathok kaya tembang nanging
guru gatra, guru lagu, lan guru wilangane ora ajeg. Dene Subalidinata [1994:45]
melakaken menawa geguritan yakuwe minangka iketaning basa kang memper syair.
Adhedhasar
dhapukaning ukara lan pangrakiting tembung, warna-warnaning arah geguritan kaya
ing ngisor kiye :
- Syair kalih gatra sapada aran gita dwigatra.
- Syair tiga gatra sapada aran gita trigatra.
- Syair sekawan gatra sapada aran gita caturgatra.
- Syair gangsal gatra sapada aran gita pancagatra.
- Syair nem gatra sapada aran gita sadgatra.
- Syair pitu gatra sapada aran gita saptagatra.
- Syair wolu gatra sapada aran gita hastagatra.
- Syair sanga gatra sapada aran gita nawagatra.
- Syair sepuluh gatra sapada aran gita hastagatra.
- Syair bebas.
Geguritan siki wis
ora jumbuh karo paugeran, akeh-akeh wis pangaribawaning jaman, saengga
geguritan saiki wis beda karo geguritan jaman biyen, tegese wis mardika.
Titikane geguritan yaiku ora kawengku ing pathokan, migunakake tembung-tembung
kang pinilih, cacahe larik ora kamtokake, sajak pungkasane bebas mardika, ora
migunakake basa padinan, arang-arang nggunakake tembung pangiket, migunakake
tembung Kawi, isine mentes, lan migunakake purwakanthi basa, swara, lan sastra.
Carane nulis
geguritan yaiku nemtokake tema, milih tetembungan kang mentes, endah lan cekak,
menehi irah-irahan kang jumbuh karo isine geguritan.
1). Titikane geguritan yakuwe :
3). Dene guritan kuna nduwe pathokan :1). Titikane geguritan yakuwe :
- Ora kawengku ing pathokan.
- Migunakake tembung-tembung kang pinilih.
- Migunakake purwakanthi sastra, swara, lan basa.
- Isine mentes.
- Guritan kuna.
- Guritan anyar/geguritan.
- Diwiwiti tembung sun gegurit.
- Cacahe wanda saben segatra padha.
- Tibane swara ing pungkasane runtut.
- Cacahe wanda saben segatra uga bebas.
- Tibane swara ora digatekake.
- Mentingake pemilihane tembung kang mentes.
- Ora nganggo tembung sun gegurit.
- Cacahe gatra tanpa wilangan.
- Tema
- Citraan
- Diksi
- Gaya bahasa
- Latar
- alur
Teknik maca endah geguritan
Ora saben wong teyeng maca endah geguritan amarga maca endah geguritan minangka keterampilan kang terus diasah. Kegiatan maca endah geguritan diperang dadi loro, yakuwe maca deklamasi lan poerty reading.
Ora saben wong teyeng maca endah geguritan amarga maca endah geguritan minangka keterampilan kang terus diasah. Kegiatan maca endah geguritan diperang dadi loro, yakuwe maca deklamasi lan poerty reading.
Maca geguritan kanthi deklamasi lewih condhong marang maca kanggo wong liya kang sejatine ngekspresikake geguritan ing wujud visual lan audio kang dilakokake kanthi gaya lan ekspresi tartamtu. Ananging pamaca ora nganggo teks. Gaya utawa ekspresi sing dikarepna yakuwe gaya bahasa badan wiwit sekang obahing tangan, sirah, awak, mata, lan ekspresi liyane kang diobahna kanthi trep karo geguritan kang diwaca.
Maca poerty reading yakuwe maca geguritan kanthi nggawa teks lan nggunakake gaya utawa ekspresi. Gaya utawa ekspresi sing dipigunakake lewih marang ekspresi suara kanthi wirama/ritme, mimic lan kinesik. Pamaca kudu nggatekake makna geguritan kanthi temen-temen saengga bisa diekspresikake kanthi endah.
Bab-bab kang kudu digatekake wektu maca geguritan :
A. Interpretasi
Yakuwe penafsiran utawa pemahaman marang apa kang kakandhut ing sajroning geguritan. Kanthi memahami apa kang kakandhut ing sajroning geguritan, bakal lewih bisa nafsirake saben tembung, makna, lan simbol-simbol kang kakandhut saking sajroning geguritan. Ing interpretasi kiye, mengkone bakal metu imajinasi, antarane imajinasi visual (kaya-kaya ndeleng kang kinandhut ing geguritan), imajinasi auditory (kaya-kaya krungu tembung-tembung tartamtu), imajinasi alfactory (kaya-kaya ngambu samubarang), lan imajinasi organik (bisa ngekspresikna kaya-kaya krasa luwe, ngelak, ngantuk, seneng, lan liya-liyane).
B. Vokal
Ing sajroning vokal kiye, ana pira-pira bab kag perlu digatekake, yakuwe :
Ing sajroning vokal kiye, ana pira-pira bab kag perlu digatekake, yakuwe :
- Artikulasi, yakuwe pengucapane tembung kang wutuh lan jelas, mangkono uga kambi saben hurufe. Mengko-mengkone bakal keprungu jelas, kepriwe ngalafalake f,p,v lan huruf-huruf liyane.
- Diksi, yakuwe pamilihing tembung-tembung kanthi tekanan tartamtu sing maneka warni.
- Intonasi, yakuwe kepriwe carane ngatur swara, dhuwur endhepe, membat mentule, owah-owahane lagu tuturan kang nuwuhake makna, arti, lan informasi. Menawa ing tulisan, biasane dikembangake kambi pungtuasi (tanda baca).
- Tempo, yakuwe pengaturane rindhik rikate pangucapane saben tembung, pamaca kudu bisa ngatur lan nyesuaina karo kekuatan ambegan.
- Jeda, yakuwe mangerteni ing bagiyan endi pamaca bisa munggel marang tembung-tembung kang ana ing geguritan.
- Modulasi, yakuwe cara kang dilakokake kanggo ngowahi swara nalika maca geguritan, kaya dene ngowahi swara sedhih marang ngguyu.
- Dinamika, yakuwe kepriwe pamaca bisa ngatur kuat lan alone swara, apa mengko-mengkone keprungu nang pemirsa apa ora.
- Pernafasan, pernafasan sing apik biasane nganggo ambegan sekang weteng.
C. Penampilan
Penampilan yakuwe sawijining faktor sing penting banget kanggo suksese pawongan rikala maca geguritan. Penampilan bakal kasil menawa sinengkuyung kaya bab-bab ing ngisor kiye :
Penampilan yakuwe sawijining faktor sing penting banget kanggo suksese pawongan rikala maca geguritan. Penampilan bakal kasil menawa sinengkuyung kaya bab-bab ing ngisor kiye :
- Gerak
- Komunikasi
- Ekspresi
- konsentrasi
EmoticonEmoticon