Senin, 09 April 2018

Pengertian Prantacara, Paugeran, lan Pathokan-Pathokane

Dalam sebuah acara resmi atau formal pasti tidak terlepas dari peranan seorang pembawa acara. Pembawa acara berperan sangat penting dalam membawa dan menghubungkan bagian-bagian dalam suatu acara seehingga dapat terlaksana dengan baik dan sesuai yang diharapkan. Dalam kebudayaan Jawa, seorang pembawa acara bisa kita sebut dengan "Pranatacara" atau "Pranata Adicara". Mereka bertugas untuk mengatur jalannya seuatu acara dengan memakai bahasa (dalam hak ini adalah bahasa jawa yang baku) dan biasanya mereka menggunakan pakaian-pakaian adat Jawa, seperti blangkon,  beskap, keris, dan sebagainya.

Untuk kesempatan kali ini saya akan menjelaskan beberapa hal mengenai pranatacara, akan tetapi saya akan menyajikan materi ini dengan memakai bahasa Jawa. Berikut ini adalah penjelasannya.

Pengertian Pranatacara

Pranatacara yaiku satunggaling paraga ingkang nggadahi jejibahan nglantaraken titi laksana ing satunggaling upacara temanten, kesiprahan, resmi/formal, pepanggihan, pasamuan, pengajian, pentas, lan liya-liyane.

Misale wonten ing tata upacara adat temanten Jawi, pranatacara nduwe tugas nglantaraken titi laksaning adicara ijab, pawiwahan, begalan, lan penghargyan. Senadyan mekaten adicara ijab kadhang kala ngadheg piyambak mboten kagarba kaliyan adicara pawiwahan, begalan, lan panghargyan ing acara temanten. Ing upacara kasiprahan juru paniti laksana nglantaraken tata upacara pangrukti utawa pametaking layon.

Ingkang Perlu Digatosaken Pranatacara

Anggenipun dados pranatacara kudu nggatosaken punapa ingkang wonten ing tata cara pranatacara yakuwe :
  1. Pranatacara kuwe kudu saged nguasai : wiraga, wirasa, wicara, lan wirama.
  2. Jejibahaning pranatacara  lumrahe inggih prasaja.
  3. Kudu pinter-pinter ngaturaken acara satunggal baka satunggal menawi ing acara menapa kemawon. Tuladha : "Acara sepisan menika... Dhumateng Bapak/Ibu... sumangga. Lajeng ngaso riyin. Acara kaping kalih menika... Lajeng ngaso." Mekaten salajengipun ngaturaken acara satunggal baka setunggal kanthi rampung. Nalika para tamu ngunjuk, pranatacara inggih melu ngemum. Nalika para tamu saweg dhahar, pranatacara ugi ndherek nedha supados acaranipun saged mlampah ingkang urut, baku, lan prasaja.
Apa bedane Pranatacara karo Pranata Adicara?

Pranata adicara saged ngisi acara damel regeng ngrengenging swasana, mboten sepa, sepi, samun. Pranata adicara mboten badhe katelasan wicara serta perkawis ingkang kawedhar (materi/bahan) kangge ngisi swasana. Sanajan kedah 2-3 jam micara. Kajawi menika pranata adicara saged ngolah acara menapa kemawon, tanggap ing sasmita saha swasana, satemah saged damel putusaning adicara kanthi laras tur leres.

Paugeraning Pranatacara Adicara lan Pamedhar Sabda

Pranatacara ingkang asring dipunsebat  Master Of Ceremony (MC), pambiwara, pranata adicara, pranata titlaksana, pambyawara, utawa pranata laksitaning adicara, inggih punika paraga ingkang tinanggenah nata acara ingkang bakunipun, ayahanipun inggih punika nglanteraken cak-cakanipun acara wonten ing pepanggihan, pasamuan upacara ingkang sampun rinantam.

Pranatacara nyepeng peranan ingkang ageng, dados punjering kawigatosan, amargi regeng, rancak, nges lan mbotenipun satunggaling adicara seperangan ageng dados tanggel jawabipun pranatacara. Saksinteno kemawon para paraga ingkang magepokan kaliyan lampahing adicara utawa pawiwahan mboten saged tumindhak pyambak-piyambak menawi dereng wonten atur saking pranatacara.

Sakjatosipun, pakaryan pranatacara mekaten sanes satunggaling pakaryan ingkang awrat/angel, awit saksintena mawon priyantun ingkang mboten nandhang tuna wicara utawi ingkang kedaling lesan mboten cetho, tamtu saged nindakaken pakaryan pranatacara kasebat. Ananging ingkang kathah sami ajrih dhumateng tuna dungkaping basa.

Ananging babagan punika mboten ndadosaken pepalang, amargi basa mekaten kathah sanget pacopanipun, pramila satunggal lan sanesipun priyantun saged ngginakaken basa ingkang pundi kemawon, jer leres pikajengipun cak-cakanipun, saha gampil kasuraos dening saksintena ingkang sami midhangetaken.

Amrih jejibahan saged kasil kanthi sae, pranatacara saha pamedhar sabda kedah saged ngrengkuh sarat sarana ingkang baku, inggih punika :

1. Swara
Kedaling lathi kedah kagladhi, supados saged langkung cetha medaling swanten, pranatacara saha pamedhar sabda kedah saged mapanaken swanten ingkang awrat, cekapan, utawi inggih trep kaliyan swanten iringan gendhing.
Pangolahing swanten kedah wajar, cetha, tegas mboten ketawis sanget menawi kaolah. Ing babagan swanten menika, pranatacara kedah wigatos datheng swaraning aksara swara (ucapan), langkung-langkung beda-beda mingsad-mingsudipun ing tembung lingga saha tembung andhahan.

Wirama ugi kedah kagladhi kanthi saestu supados sekecar kamirengaken, kados pundhi rindhik rikatipun, mandhap minggahipun, sampun ngantos kasesa, ananging ugi sampun ngantos nglentrek sanget. Gladhi olah swara punika kedah pikantuk kawigatosan ingkang mirungga, amargi punika dados satunggaling sarat baku kagem pranatacara saha pamedhar sabda.

2. Busana utawi ageman
Ajining raga gumantung busana, mila babagan busana punika inggih kedah pun gladhi saengga jejibahan pranatacara saged kalaksanakaken kanthi sae. Anggenipun ngadi busana kedah kajumbuhna kaliyan keperluan womten ing upacara punapa ingkang badhe dipunayahi. Jejering pranatacara saged katingal ngrengreng menawi karengga swanten, raga lan busana ingkang pantes. Pangudinging busana saged ngetrepaken kaliyan rupa utawi wrananing busana kaliyan kulit, sareng make up, saengga katingal pantes kaliyan papan panggenan, mboten nyolok tuwin samadya kemawon.

Wonten ing babagan mangagem busana punika, saestu sae sabda pangandikan kanjeng shunan Pakubuwono IV ingkang sampun panjenenganipun kanjeng susuhunan sabdaaken dhumateng para sentana saha kerabat keraton kasunanan Surakarta Hadiningrat, inggih punika : “Nyandhang menganggo iku dadiya sarana hamemangun manungsa njaba njero, marmane pantesan panganggorina, trapna traping panggonan, chundukna marang kahananing badanira, wujud lan wernane jumbuhna kalawan dedeg piadeg miwah pakulitan.”

Pramila babagan busana menika kedah pun gladhi ingkang sesae-saenipun dening pranatacara, amrih sae kasilipun tumrap sadayanipun, lagkung sae ugi kagem para pranatacara ing sakderengipun ngayahi jejibahan dados pranatacara. Busana punika saenipun kedah dipunrembag kaliyan panitya, amrih hasil ingkang dipunkajadaken sae wontenipun.

3. Subasita (Trapsila)
Trapsila (tata krama) kedah pun gladhi ingkang sae, amargi trapsila ingkang kirang saged ngirangi kewibawanipun pranatacara. Solah bawa sampun ngantos kedamel-damel langkung sae bilih solah bawanipun prasaja kemawon, anteng, manteb ananging mboten kaku.

Ewah-ewahanipun pasuryan ugi kedah kaudi ingkang sedaya wau saged nggambaraken isine penggalih, ingkang lajeng jumbuh kaliyan swasana, sapertos, bilih wonten ing pawiwahan saha panghargyan, pasuryan binger sumringah lan ramah awit prastawa menika ngemu suraos suka, kabagyan, lan kebungahan. Wonten ing sripah, pasuryan kedah mboten katingal binger sumringah, amargi punika tamtu mboten jumbuh kaliyan swasana saha raos manah kaluwarga ingkang nembe nandang duka/bela sungkawa.

4. Basa lan Sastra
Basa lan sastra ngawujudaken kabetahan ingkang baku tumrapipun priyantun ingkang nembe ngayahi tugas dados pranatacara. Basa inkang kaginakaken kedah miturut tuntutaning sastra ingkang leres, pamilihing tembung ingkang lajeng dipunronce kados ukara trep, luwes,sae, wusana sekeca kepireng ing asanesipun.

Kanthi pangertosan ingkang sae, babagan basa lan sastra pranatacara saged ndapuk mocap,, tembung, ukara lan wacana kanthe laras tur leres.
  • Laras : pranatacara saged ngrantam utawa mbabar titilaksana sing trep kaliyan swasana.
  • Leres : pranatacara saged nggunakna basa sing trep kaliyan parasastranipun.
Baca juga : Teknik-teknik dadi pranatacara lan bahasa-bahasa sing biasa digunakake
Pathokan-pathokan supados pakaryan pranatacara pikanthuk hasil ingkang sae
  1. Ing babagan basa migunakake basa ingkang trapsila, wijang prasaja ananging gampil ketampi dening para tamu.
  2. Tanggap ing kawontenan supados panghargyan saged regeng.
  3. Mangertosi rantaman-rantaman badhe tumapaking adicara kanthi permati, serta kedah tanggap ing kawontenan.
  4. Mangertosi asma-asma para paraga ing saklebeting pawiwahan kanthi jangkep sak imbuhanipun.
  5. Tansah sesambetan kaliyan kadang pranata pita swara supados nyamektakaken gendhing-gendhing kang ngiringi lelampahaning adicara.
  6. Tansah sesambetan kaliyan poran paraning pawiwahan supados enggal magertosi mbok bilih wonten ewah-ewahan adicara.
  7. Trengginas mutusaken samukawis murih pawiwahan mboten katingal kisruh.
Dari beberapa materi di atas, kesimpulannya adalah Pranatacara merupakan seorang tokoh yang berkewajiban untuk mengatur dan melaksanakan bagian demi bagian suatu acara secara runtut dan sesuai dengan apa yang direncanakan. Selain itu, seorang Pranatacara harus berwibawa, sopan, santun, serta dapat mengatur dan menyesuaikan suasana yang sesuai dengan jenis acara yang dibawakan. Oleh karena itu, menjadi seorang Pranatacara tidaklah mudah karena selain harus fasih dalam berbahasa Jawa, ia juga harus melaksanakan berbagai tata cara, tata ucap, dan unggah-ungguh (etika) dalam kebudayaan masayrakat Jawa yang beragam jenisnya.


EmoticonEmoticon