Jumat, 06 April 2018

Budaya Gugon Tuhon Bagi Masyarakat Jawa Khususnya Banyumas

Pangerten Gugon Tuhon

Gugon Tuhon menika salah satunggaling kabudayaan jawi kang wujud pitutur luhur lan panyuwarane mawi lisan, nanging bisa wujud menapa kemawon. Gugon tuhon kathah kang wujud pitutur para tiyang sepuh marang putra-putrinipun. Biasane ngandhut bab kepercayaan wong jawa marang sawenehing perkara kang mboten saged tinemu nenalar.

Tumrape wong jawa kang percaya utawa ngandel tansah duwe rasa was sumelang menawa ora bisa nyranani utawa nyembadani perkara kang dianggep mbebayani iku. Kathah ingkang nggadhahi pamanggih ingkang beda babagan gugon tuhon kemawon wujudipun werna-werna.

Jenising gugon tuhon ugi mboten namung satunggal, bisa saged wujud tembang, parikan, geguritan, lan ugi pitutur-pitutur kemawon. Wonten ing masyarakat jawa nyawisaken bilih etika dipundadosaken salah satunggaling tonggak menawi tiyang jawi saged dipunwastani wong jawa ingkang satuhu utawi tenan wong jawa. Ingkang dados tandha bilih wong jawa mangertosi punapa babagan etika jawa. Wujude etika menika salah satunggaling kabudayaan ingkang sampun dipunajaraken dhumateng anak putu mawi cara punapa kemawon, yaiku saged wujud cerita, peninggalan, tembang, lan lia-liane. Nah kangge paring wulangan babagan etika jawa kuwi para tiyang sepuh ngagem gugon tuhon sebagai perantarane.

Gugon tuhon ingkang asring dipunsebat pamali niki yakuwe dipunturunaken saking tiyang sepuh marang putra-putrine utawa saking para guru marang para murid-muride. Gugon tuhon iku wujud pitutur kang mboten pantes menawi dipunlakoni wonten ing gesang bebrayan, ugi saged dadosaken cilaka dhumateng sinten mawon kang nglanggar wewarah saking pitutur gugon tuhon menika. Awit saking menika para putra kedah nyingkiri punapa ingkang sampun diparengaken wonten ing gugon tuhon menika, nggih kadang ugi mboten saged dipunnalar pikiran dheweke.

Gugon tuhon utawi wewarah menika kathah ingkang dipunparingaken dhumateng para putra mawi langsung lisan utawi pitutur kemawon, saged awujud cerita, legenda, tembang, ugi punapa kemawon. Meski kathah cariyos utawi pitutur ingkang mboten masuk akal, nanging menika salah satunggaling wuujud kearifan lokal ingkang perlu dipunlestarikaken.

Dene tembung gugon tuhon asale saka tembung Gugu, dene Tuhon asale saka tembung Tuhu. Bilih gugon tuhon menika kedah disingkiri kanthi satuhu. Sinten mawon ingkang mboten sarujuk kaliyan wewarah menika, bakalan saged nemu cilaka. Katha sanget wonten ing masyarakat jawi menika ingkang gunanipun kagem cariyos pitutur babagan etika tiyang jawi wonten ing gesang bebrayan.

Jenising Gugon Tuhon

Gugon tuhon diperang dadi 3, yaiku Gugon Tuhon Salugu, Gugon Tuhon Isi Wasita Sinandi, lan Gugon Tuhon Klebu Wewaler.

a. Gugon Tuhon Salugu
Bocah utawa kang dadi paragane Bathara Kala. Manut cerita dongeng yaiku bocah sukerta, lan manut kepercayaan biasane waluya lan lestari uripe. Kudu diruwat saran yakuwe ditanggapake wayang lakon “Amurwa Kala”.

b. Gugon Tuhon Isi Wasita Sinandi
Pitutur kang ora dilairake kanthi melok utawa dikandhakake kanthi semestine. Sing akeh nganggo tembung ora ilok, kang satemene ora becik.

Tuladha :
  1. “Aja ngidoni sumur, mundhak suwing lambene”. Tegese ido (liur) kang tiba ing sumur bisa njalari regede banyu, luwih-luwih idone wong kang duwe penyakit menular.
  2. “Aja nglungguhi bantal, mundhak wudunen”. Bantal kuwi kangge alas sirah, umpamane digawe alas bok*ng mesthi saru utawa ora becik.
c. Gugon Tuhon Klebu Wewaler

Yaiku kalebu wewaler saka sabdane utawa pangandhikane luluhur/wong kang dadi bakal ing babagan iku.

Tuladha : Wong ing Banyumas ora kena lunga dina Setu Paing. Wong-wong ing Banyumas manggih cilaka nalika tindhakan ing dina Setu Paing.

Wonten kathah wujudipun gugon tuhon, salah satunggaling wujud cariyos gugon tuhon masyarakat ingkang mboten pareng tindhakan mawi Setu Paing. Gugon tuhon menika saking Adipati Banyumas ingkang kalah wonten ing perang pajang ing dinten Setu Paing. Wonten ing tradisi Jawa, bilih sedanipun leluhur menika dados dinten sangaran utawi kedah dipunsingkiri kagem ngawontenaken hajat punapa kemawon. Bilih sakderengipun Adipati Banyumas seda, panjenenganipun pareng wewaler yaiku “ora kena lunga ing dina Setu Paing lan ora kena mangan daging angsa. Wewaler menika yakuwe salah satunggaling gugon tuhon ingkang digugu dening masyarakat Banyumas ngantos dinten menika.


EmoticonEmoticon