Sabtu, 24 Februari 2018

Materi purwakanthi, parikan, dan wangsalan - Materi Bahasa Jawa

Kawruh Kagunan Basa
A. Purwakanti basa
Purwakanthi yakuwe aksara, utawa swara sing padha ing sajroning ukara.
Contoh :
a. Purwakanthi guru swara
  1. Aja dumeh menang banjur sewenang-wenang.
  2. Ana awan ana pangana.
  3. Ana dina ana upa.
  4. Ati karep bandha cupet.
  5. Bareng wis makmur lali marang sedulur.
  6. Becik ketitik ala ketara.
  7. Gelem obah mesthi mamah.
  8. Inggih ora kepanggih.
  9. Ora cepet ora ngliwet.
  10. Ora ngedan ora keduman.
  11. Thenguk-thenguk nemu kethuk.
  12. Tiwas sayah ora paedah.
  13. Wong bungah sok nemu susah.
  14. Ana bungah ana susah niku wis lumrah.
  15. Witing tresna jalaran saka kulina.
b. Purwakanthi guru sastra
  1. Bobot bibit bebet.
  2. Katula tula katali.
  3. Janji jujur jan-jane mesthi makmur.
  4. Laras lurus leres laris.
  5. Tata titi tatas titis.
  6. Kala kula kelas kalih kalung kula kolang-kaling.
  7. Sing sapa salah bakal saleh.
  8. Sing sapa goroh growah.
  9. Sluman-slumun slamet.
  10. Eling-eling emut.
  11. Tata titi tentrem.
  12. Sing weweh bakal wuwuh.
  13. Makuta makuti makuten.
  14. Tatag teteg bakal tutug.
c. Purwakanthi lumaksita/lampah
  1. Asung nekti, bektine marang Gusti.
  2. Bayem ardha, ardhane ngrasuk busana.
  3. Lungguh dhingklik, dhingklike wong cilik-cilik.
  4. Mangan ati, atine sing kelara-lara.
  5. Raja putra, pitra daleme ngastina.
  6. Rujak degan, degane krambil ijo.
  7. Witing tresno, tresnone mung sawetara.
  8. Rujak dhondhong, rujake lewihane kalong.
  9. Remuk rempu, rempu dadi awu. 

B. Parikan
Parikan kang diarani pantun ing Bahasa Indonesia kuwe pusi lawas kang disusun rong kalimat lan nduweni purwakanthi (sajak) a-b-a-b. Kalimat pertama kanggo narik kawigaten utawa sampiran, kalimat kapindho minangka isi.
Kang diarani parikan yaiku unen-unen mawa pathokan telung werna yaiku :
  1. Dibentuk saking rong ukara kang nganggo purwakanthi swara a-b-a-b.
  2. Setaip ukarane kedadeyan saking rong gatra.
  3. Ukara pertama mung minangka purwaka (sampiran), dene isi utawa wose ana ing ukara kapindho.
Manut cacahe/wandane, parikan saged dibagi dadi telu, yaiku :
a. Parikan yang terdiri dari (4 wanda + 4 wanda) x 2
Contoh :
Iwak bandheng durung wayu - Bocah ngganteng sugih ngelmu 
Tuku manggis karo kowe - Aku nangis merga kowe
Wedang bubuk gula jawa - Yen kepethuk atine lega
Tuku pit entuk emas - Rambut dijepit kudu kramas
Ngasah peso nganti landhep - Wong deso kudu sregep
Kupu-kupu ngisep nectar - Bocah ayu kudu sabar
Ngunjuk klapa karo susu - Menang rupa ojo nesu
b. Parikan yang terdiri dari (4 wanda + 8 wanda) x 2
Contoh :
Kembang adas, sumebar ing tengah alas - Tuwas tiwas, nglabuhi wong ora waras
Manuk kutut, angger moni rada banter - Yen ra nurut, uripe bisa keblinger
Kembang kencur, ganda sadhep sandhing sumur - Kudu jujur, yen kowe kepengin makmur
Kembang menur, den sebar den awur-awur - Bareng makmur, lali mrang sanak sedulur
Tuku ragi, tukune nang pasar wage - Ati-ati, mbok ngasi ilang pacare 
c. Parikan yang terdiri dari (8 wanda + 8 wanda) x 2
Contoh :
Enting-enting permen jawa, sebungkus dipangan lima - Ngemutake para siswa, kudu sregep nggomong basa
Sega kuning lawuh empal, segane sunatan anyar - Dadi bocah aja nakal, kudu duwe ati sabar
Jangan kangkung jangan terong, kaduk gula kurang uyah - Saling ngurmati sama wong, Yen uripmu bisa bungah

C. Wangsalan

Wangsalan yakuwe unen-unen saempar cangkriman, nanging batangane wes ana sarana sinandhi. Wangsalan ana sing gampang artikna, nanging uga ana sing kudu njrimet anggone nggoleti makna/ artine.

Jenis-jenis wangsalan yaiku :
  1. Wangsalan lamba : yaiku wangsalan sing esih prasaja/sederhana.
  2. Wangsalan rangkep, wagsalan sing sinebut ing saben sebaris rangkep utawa ana rong wangsalan saben sebaris.
  3. Wangsalan Padintenan : Wangsalan sing digunakake minangka pacelathon ing saben dinane, wis sering keprungu (sering terdengar).
  4. Wangsalan edi peni : Wangsalan sing nduweni surasa pitutur kang becik (amanat).
  5. Wangsalan nganggo pathokan tartamtu : wangsalan sing wis cetha pathokane lan tegese saka tembung sing diwangsalake wis cetha.
Contoh wangsalan :
  1. Aku paham menawa dheweke kuwe seneng karo aku, ning aku mbalung klapa, ethok-ethok ora ngerti wong aku ya kudune jaim. Mbalung kelapa : bathok
  2. Jan bocah nek lagi seneng atine, isuk-isuk wes nggodhong garing, nglaras bae pernaeh. Nggodong garing : klaras
  3. Yen ora jengkel, nangapa kowe ket mau mentil kacang, mrengut bae. Mentil kacang : sungut
  4. Gayung sumur cah ayu, aja kemba lamun sir awes nduwe kekarepan. Gayung sumur : timba
  5. Mbalung geni, mbok menawa aku bisa mbiyantu marang kowe mba. Mbalung geni : mawa
  6. Mina gala king samudra, bacutna omonganmu kang… Mina galak : iwak cucut
  7. Kapri jawa, dak pethek wangsulanku iki bener ora bakalan luput. Kapri jawa : kethek
  8. Lombok cilik, dikandhane bener-bener malah pringas-pringis mencengis. Lombok cilik : cengis
  9. Roning mlinjo, wes kesel ket mau anggene makarya kepengin ngaso. Roning mlinjo : so
  10. Sinaosa arep suwe ra ketemu, ning kowe aja njenang gula ya karo aku… aku aja dilalekake. Jenang gula : gulali
  11. Kembang jambu, kemaruk kowe padune duwe dolanan anyar. Kembang jambu : karuk
  12. Witing klapa jawata ing ngarsapada, salugune wong muda gelem rekasa. Witing klapa : glugu
  13. Klapa mudha, kalegan ing rasa merga ditambahi gula. Klapa mudha : degan
  14. Mbalung janur duh bocah, tetep dilakoni bae jalaran akeh sing ora seneng. Mbalung janur : sabar


EmoticonEmoticon